Posoan Nang Suroboyo
Posoan nang Suroboyo waktu aku cilik gak tau ndang nutut penuh sak wulan.
Akeh banget bolonge, alasane macem-macem.
kadang kesel, loro, wis talah pokoke alasan tok.
Nek nang Mesjet sore seneng banget, soale oleh dum-duman panganan, kadang kolek, godir, lan liyo-liyone.
wah rame tenan
seng seneng lan seru jaman iku yoiku mercon. Aku paling seneng mercon bantingan, wah asyik banget.
Nah tengah wengi biasane aku kotekan yoiku budoyo nangekno wong supoyo gak telat saur-e.
Biasane ngawe tabuhan tekan pring utowo kaleng sing ditutupi kertas bekas semen dadi kendang-kendangan.
Seru rek, kangen banget suasana koyok ngono