Mabuk-an
September 19th, 2008
Waktu cilik biyen, sekitaran SD bahkan sampek sak-iki aku iki mabukan, opomaneh nek numpak Bis … wah parah.
iki crito pas SD biyen yo ….
Biasalah nek ono sekolah iku ngadakno Tour Pariwisata, SD-ku SDN Pakis IV Suroboyo yo ngadakno acara Piknik atau pariwisata, kebetulan pas aku kelas 5 piknik-e nang Borobudur. Sak jane aku gak arep melu, cuman karena seneng hura-hura aku pngen melu.
Pas hari H-ne aku teko sekolahan luwe disik ketimbang Bis-e, aku nunggu nang plataran sekolah bareng konco-konco liyane.
Gak suwe sak wis Bis bar teko …. huek … huek … muntah aku … trauma banget ambek ambune solar, iku durung numpak lho, wis huek … huek …
Dasar katrok ….
Kebiasaan mabuk lan muntah iku keterusan sampek gede.
Aku wis moh banget numpak Bis.
Perasaan gampang muntah nek numpak Bis iki kegowo sampek aku arep lulus kuliah.
Ngene critane ….
Gawe persiapan Tugas Akhir aku kudu survey nang Jakarta … kota metropolitan … wahh, wong kampung nang kota iki rek !
Aku budal nang Jakarta wong 4, salah sijine duwe dulur nang Bekasi, aku numpak sepur ekonomi jurusan Pasar Turi - Senin, tapi mudun jatinegara.
Tekan Jatinegara ngelanjutno nang Bekasi … nah iki aku mulai stres… soale nimpak Bis Kota.
Bener-ae, numpak durung suwe Ndas-ku wis mumet …. sampek terminal Bekasi aku mudun langsung … huek … huek …huek …. Ndeso tenan toh ?